1 Gusti Yesus Pamarta, parang ing kang sampurna Krana ngungsi mring Gusti, kula dipunayomi. Srana rahe Sang Kristus, gesang kula tinebus. 2 Datan badhé ndayani, datan saged ngluwari, sagung pandamel kula, nadyan kados punapa. Namung sihé Sang Kristus, gesang kula tinebus. 3 Gesang kula mung nglaha, tan wonten lelabetnya. Amung salibé Gusti ingkang kula gondhèli. Mila kula mung pasrah klayan tulusing manah.
|
|