1 Gusti pangayom kang setya ngirid lampah kawula. Nadyan panggodha nempuha, kula tan badhé léna, wit kinanthi déning Gusti siyang dalasan ratri, siyang dalasan ratri. 2 Gusti Pangèn kang sejati; kula tansah rinimat. Tebih saliring bilahi, wit sinungan sih-rahmat. Astanira nglanting kula neguhaken wardaya, neguhaken wardaya. 3 Gusti pepadhang sejati; tansah nuntun kawula. Nadyan rubéda ngribedi, datan semplah ing driya. Berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya, ngantos ing salaminya.
|
|