1 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Dhatenging kasangsaran trus gilirgumanti. Namung Paduka Gusti, mirsa samukawisnya. Kula pasrah, sumarah pangreh Paduka. 2 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Reribed, kasisahan, silih andathengi. Aneng astane Gusti, manah kula tan semplah, tansah pasrah, sumarah pangrehing Allah. 3 Gesang kebak kekeran, angel denjajagi. Panggodha wah pacoban mung memiris ati. Wit pitulunge Allah, kula mantep pracaya. Kula pasrah, sumarah pangrehing Allah.
|
|