1 Allah yéku pangèn kula kang gung sih tresnanya. kula tansah rinimatan srana gung kadarman. 2 Kula tansah dènayomi, mila ayem yekti; tinuntun ing margi adi, wit asmané Gusti. 3 Kula tan ajrih bilai, wit kinanthi Gusti; wah lestantun pangreksanya, temah kula begja. 4 Nadyan sinatru ing mengsah, nging tatag ing manah; Allah nglubèrken sih-rahmat, berkahnya tan kendhat. 5 Kula rinoban kabegjan salamining gesang, saha manggèn lan memuji ing dalemé Gusti.
|
|