1 Allah kang dados pepadhang nuntun dhateng kraharjan. Astanya sestu santosa, ngreksa tyang kang pracaya. Pepadhang ing Allah nganthi, ngirid ing ngajeng lan wuri, 2 Allah kang dados pepadhang peparing klayan loma. Sabdanya kebak pangwasa, sung pangayoman nyata. Sèstu pepakèning Allah nyegerken manah kang lesah, wah ngiyatken ing lampah. 3 Allah kang dados pepadhang, nuntun kanthi katresnan. Gegayuhaning pra suci, margining kasampurnan. Kula badhé salaminya ndhèrèk Gusti klayan setya, wit mesthi dugèng swarga. 4 Allah kang dados pepadhang, madhangi manah kula. salaminya kula gesang tansah pasrah-pracaya. Kula tan ajrih bebaya, karibedan wah sangsara, wit Gusti nganthi kula.
|
|