1 Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi, sampun ngukum kula, merdi klayan bramantya, nging enggal den entasna sing sisah sangsara. 2 Allah ingkang makwasa ngrentahna sih-wilasa. Nyawa kula giris kanthi deres ing tangis. Badan sangsaya pepes manah kraos nggrantes. 3 Allah ingkang matresna nglubèma kawlasanta. Rinten dalah ratri, luh kula tansah mili. angantya pangluwaran sing gung karupekan. 4 Allah ingkang maluhur, puji panuwun katur. Wit gunging sih-rahmat dé myarsakken pasambat; nguwalken sing pra satru, anentremken kalbu
|
|