1 He wong salumahing bumi padha sumyaka memuji lan ngabektia mring Allah kambi ngidung klawan bungah 2 Hyang Maagung dèn anggepa Allah kang nitahken kita. Kita umat kagungané, sarta ménda ngèn-ngènané. 3 Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena, wah marang ing pasucèné, klawan anggunggung asmané. 4 Dé Pengéran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya, wah kasetyané tan kendhat, tan gingsir trus ing akérat.
|
|